Custom Search

Senin, 14 April 2008

Wayang Kulit


Wayang kulit inggih menika salah satunggalipun jinising kabudayan Indonesia ingkang wigatos. Kala rumiyen pagelaran wayang dipun ginakaken kangge upacara religius, nanging sakmenika pagelaran wayang ugi dipun ginaaken kangge hiburan.

KERANGKA KARANGAN

1. DESKRIPSI

A. Pengertian

B. Sejarah

C. Penyebaran

2. PERALATAN PAGELARAN WAYANG

3. SIMPINGAN

A. Simpingan Kiwa

B. Simpigan Tengen

C. Wayang Dhudahan

4. ALUR PAGELARAN WAYANG

DESKRIPSI

A. Pengertian

Wayang kulit inggih menika sajinising pagelaran wayang ingkang nerapaken bonekah-bonekah saking kulit. Wayang kulit nggambaraken raga manungsa ingkang benten-benten saha nggambaraken watakipun piyambak-piyambak. Wayang menika dipun damel saking kulit ingkang dipun tatah saha dipun entha kados manungsa. Wayang kulit ugi dipun jangkepi mawi senjata utawi piranti perang, cupu, kewan, saha piranti menapa kemawon ingkang dipun raos perlu kangge mbiyantu lakon.

B.Sejarah

Wayang inggih menika kabudayan Indonesia ingkang sampun wonten sakderengipun kabudayan Hindu mlebet Indonesia. Rumiyen masyarakat ingkang anggadhahi kepercayaan Animisme ngginakaken pagelaran wayang kangge upacara religius. Perkembangan wayang kulit saksampunipun agami Hindu mlebet Indonesia, inggih menika wiwit angsal pengaruhi kabudayan Hindu kanthi mendhet cerita saking Mahabharata saha Ramayana. Kajawi saking menika, wayang ugi ngalami perubahan nyelarasaken kalian jaman, ananging perubahan menika mboten ngantos dumugi bab-bab ingkang prinsip. Pramila ngantos dumugi sakmenika wayang kulit ingkang anggadhahi nilai adiluhung taksih dipun hormati saha dipun agung-agungaken masyarakat pendhukungipun.

C. Penyebaran

Wayang kulit sampun sumebar wonten tanah Jawa ugi perangan Nusantara. Nanging wayang kulit menika langkung dipun remeni tiyang-tiyang Jawa Tengah saha Jawa Wetan. Wonten panggenan setunggal lan setunggalipun gadhah gagrag piyambak-piyambak. Ingkang paling ageng inggih menika gagrag Ngayogyakarta saha gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas saha gagrag Pesisiran ugi kondhang wonten tlatahe piyambak-piyambak.

PERALATAN PAGELARAN WAYANG

Pagelaran wayang kulit ngginakaken uba rampe utawi peralatan ingkang manika warni, antawisipun : kelir, gedebog / debog, blencong, kothak, keprak, cempala, sajen, gamelan, wayang, saha dhalang. Kelir inggih menika layar pethak ingkang dipun beber kangge mainaken wayang, gedebog / debog dipun ginakaken kangge nancepaken wayang, blencong inggih menika senthir kangge damel wewayangan, ing jaman sakmenika wonten kalanipun dipun sulih ngangge petromax utawi lampu listrik, kothak inggih menika wadhah wayang saha kangge dipun thuthuk cempola, keprak kadamel saking kuningan kangge iringane dhalang, cempala thuthukan dhalang kangge ngiringi antawacana saha omonganipun ing lakon, sajen inggih menika arupi maeman saha sekar, gamelan inggih menika saperangkat alat musik kangge ngiringi pagelaran wayang, wayang ingkang dipun ginakaken kangge lakon, dhalang inggih menika tiyang ingkang mainaken wayang.

SIMPINGAN

Simpingan inggih menika wayang ingkang dipun tata wonten pakeliran sisih tengen saha kiwa, nanging ugi wonten wayang ingkang dipun simpen wonten nglebet kothak.

A. Simpingan Tengen

Simpingan tengen inggih menika wayang ingkang dipun tata wonten sisih tengen dipun wiwiti saking wayang Brahala / Dewa Amral/Dewa Mambang dipun pungkasi ngangge wayang bayen. Bathara Bayu Bima /Werkudara Dhandunwacana.

B Simpingan Kiwa

Simpingan kiwa inggih menika wayang ingkang dipun tata wonten sisih kiwa, antawisipun Buta Brahala /Ditya Balasrewu.

C. Wayang Dhudahan

Wayang dhudahan inggih menika wayang ingkang mboten tumut dipunsimping nanging namung dipunsimpen wonten nglebet kothak. Biasanipun wayang dhudahan inggih menika klebet wayang ingkang kerep dipunlakokaken dhalang. Tuladhanipun wayang dhudahan inggih menika dhudahan kurawa antawisipun Patih Sengkuni, Burisrawa, Dursana. Dhudahan Pandhita lan Dewa/Begawan antawisipun Begawan Abiyasa, Anantaboga, Begawan Sempani. Dhudahan Raseksa antawisipun Buta Terong, Buta Cakil. Dhudahan Punakawan antawisipun Semar, Gareng, Petruk. Dhudahan Keparak antawisipun Limbuk, Cangik. Dhudahan Wanara antawisipun Anila, Anggada. Dhudahan Sato Kewan antawisipun Kidhang, Landhak. Dhudahan Pusaka antawisipun Kreta Kencana, Gada,

Keris.

ALUR PAGELARAN WAYANG

Pagelaran wayang kulit dipun wiwiti Talu inggih menika mirengaken gendhing-gendhing Patalon. Gendhing-gendhing kasebat inggih menika : Cucurbawuj, Ladrang Srikaton, Pareanom, Ketawang Sukma Ilang, Ayak-ayakan Manyura, Slepegan, Sampak. Pagelaran wayang kulit setunggal dalu nutuk anggadhahi tigang alur inggih menika Pathet enem ingkang dipun wiwiti saking jam 21.00 dumugi jam 24.00 ingkang nggambaraken mangsa kanak-kanak, ingkang dipun tandhani ngangge koyon / gunungan ingkang dipun tancepaken condhong ngiwa. Pathet nem wonten enem jejer inggih menika jejeran raja, jejeran paseban jawi, jejeran jaranan, jejeran ampyak, jejeran sabrangan, saha jejeran perang gasal. Pethet sanga ingkang dipun wiwiti saking jam 24.00 dumugi jam 03.00 ingkang nggambaraken mangsa dewasa, saha dipun tandhani ngangge koyon / gunungan ingkang ngadek jejek wonten tengah-tengah kelir. Pathet sanga wonten tigang jejer inggih menika jejer bambangan, jejer perang kembang, saha jejer sintren. Pathet manyura dipun wiwiti saking jam 03.00 dumugi jam 06.00, ingkang nggambaraken mangsa sepuh, ingkang dipun tandhani ngangge kayon / gunungan ingkang condhong nengen. Pathet manyura anggadhahi tigang jejer inggih menika jejer manyura, jejer perang brubuh, saha jejer tancep kayon.

Artikel Sejenis :



Tidak ada komentar: